Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 15:4-8 Kitab Sutji (JAV)

4. Ora, sanyatane kayu iku nuli diuncalake ing geni, bongkot pucuke entek kobong lan kang tengah lagi mengangah, apa iku isih migunani kanggo gegawean?

5. Lah isih wutuh bae ora kanggo apa-apa, saya maneh bareng wis kamangsa ing geni lan kobong; apa isih kena kanggo apa-apa?

6. Mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Kayadene kayu anggur ana ing antarane wit-witan ing alas, kang Sununcalake ing geni supaya kobong, samono uga Yerusalem iya bakal Sunpatrapi mangkono.

7. Ingsun piyambak kang bakal nglawan. Sanadyan padha bisa oncat saka ing geni, ewasamono bakal kamangsa ing geni. Sira banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, yaiku nalika Ingsun lagi nglawan,

8. sarta nagara iku bakal Sundadekake sepi mamring, marga padha ora setya. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”

maca bab lengkap Yeheskiel 15