Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 15:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Banjur ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:

2. “He, anaking manungsa, apa kaluwihane kayu anggur yen katimbang karo sakehing kayu kang tuwuh ana ing satengahing wit-witan alas?

3. Apa wong njupuk kayune kanggo gawe barang dandanan utawa kanggo gawe canthelan kanggo nyanthelake sawernane piranti?

4. Ora, sanyatane kayu iku nuli diuncalake ing geni, bongkot pucuke entek kobong lan kang tengah lagi mengangah, apa iku isih migunani kanggo gegawean?

maca bab lengkap Yeheskiel 15