Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 14:12-23 Kitab Sutji (JAV)

12. Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:

13. “He, anaking manungsa, manawa ana sawijining nagara kang dosa marang Ingsun kanthi patrap ora setya lan Ingsun banjur ngayatake astaningSun prelu nglawan kalawan nyirnakake pasadhiyane pangan lan ndhatengake mangsa pailan marang nagara iku sarta manungsa lan kewan ing nagara kono kasirnakake,

14. sanadyan ing kono tinemu wong telu iki, yaiku Nuh, Dhaniel lan Ayub, wong iki bakal mung bisa nylametake awake dhewe marga saka kamursidane. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

15. Utawa manawa Ingsun ndadekake kewan galak padha saba ana ing nagara kono, kang ngentekake wong kang padha manggon ing kono, satemah nagara iku dadi sepi mamring lan ora ana wong kang wani mrono marga saka anane kewan-kewan galak mau,

16. sanadyan ing kono tinemu wong telu mau, dhemi Ingsun gesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- wong iku ora bakal padha bisa nylametake anak lanang utawa anak wadon; mung wong iku dhewe kang kapitulungan, dene nagara iku bakal dadi sepi mamring.

17. Utawa manawa Ingsun ngasta pedhang kanggo nagara iku lan Sunpangandikani: He pedhang, sira ndlajahana nagara iku, lan manungsa sarta kewan ing nagara kono Sunsirnakake,

18. sanadyan ing nagara kono tinemu wong telu mau, demi Ingsun gesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- wong iku ora bakal bisa padha nylametake anak lanang utawa anak wadon, mung wong iku dhewe kang bisa kapitulungan.

19. Utawa manawa Ingsun ndhatengake pageblug ana ing nagara kono tuwin Ingsun ngesokake bebenduningSun marang nagara iku kalawan ngwutahake getih, satemah sirna manungsa lan kewan ing nagara kono,

20. sanadyan Nuh, Dhaniel lan Ayub ana ing kono, demi Ingsun agesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- wong iku ora bakal bisa padha nylametake anak lanang utawa wadon, nanging mung bakal padha bisa mitulungi nyawane dhewe marga saka kamursidane.

21. Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Malah ngluwihi iku, yaiku manawa Ingsun ndhatengake paukumaningSun patang warna kang abot-abot iku bareng, pedhang, pailan, kewan galak lan pageblug ana ing Yerusalem, kang nyirnakake manungsa lan kewan ing kono!

22. Nanging, lah ing kono bakal ana kekarene, yaiku kang padha bisa oncat, anak lanang lan anak wadon; iku bakal padha metu nemoni sira lan sira bakal nyumurupi tindak-tanduke, temah sira banjur rumangsa kalipur ing bab kasangsaran kang Sundhatengake ing Yerusalem, iya bab kabeh kang Sundhatengake ing kono mau.

23. Wong-wong iku bakal padha dadi panglipurira, yaiku manawa sira sumurup marang tindak-tanduke sarta sira bakal padha mangreti, manawa anggoningSun nandukake iku mau kabeh marang Yerusalem iku ana sababe. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”

maca bab lengkap Yeheskiel 14