Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 14:10-20 Kitab Sutji (JAV)

10. Iku bakal padha nanggung kaluputane dhewe-dhewe, iya kang njaluk pituduh iya nabi mau,

11. supaya turune Israel aja padha kesasar maneh ora manut marang Ingsun lan aja najisake awake maneh kalawan sakehing panerake. Kalawan mangkono banjur padha dadi umatingSun sarta Ingsun dadi Allahe. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”

12. Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:

13. “He, anaking manungsa, manawa ana sawijining nagara kang dosa marang Ingsun kanthi patrap ora setya lan Ingsun banjur ngayatake astaningSun prelu nglawan kalawan nyirnakake pasadhiyane pangan lan ndhatengake mangsa pailan marang nagara iku sarta manungsa lan kewan ing nagara kono kasirnakake,

14. sanadyan ing kono tinemu wong telu iki, yaiku Nuh, Dhaniel lan Ayub, wong iki bakal mung bisa nylametake awake dhewe marga saka kamursidane. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

15. Utawa manawa Ingsun ndadekake kewan galak padha saba ana ing nagara kono, kang ngentekake wong kang padha manggon ing kono, satemah nagara iku dadi sepi mamring lan ora ana wong kang wani mrono marga saka anane kewan-kewan galak mau,

16. sanadyan ing kono tinemu wong telu mau, dhemi Ingsun gesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- wong iku ora bakal padha bisa nylametake anak lanang utawa anak wadon; mung wong iku dhewe kang kapitulungan, dene nagara iku bakal dadi sepi mamring.

17. Utawa manawa Ingsun ngasta pedhang kanggo nagara iku lan Sunpangandikani: He pedhang, sira ndlajahana nagara iku, lan manungsa sarta kewan ing nagara kono Sunsirnakake,

18. sanadyan ing nagara kono tinemu wong telu mau, demi Ingsun gesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- wong iku ora bakal bisa padha nylametake anak lanang utawa anak wadon, mung wong iku dhewe kang bisa kapitulungan.

19. Utawa manawa Ingsun ndhatengake pageblug ana ing nagara kono tuwin Ingsun ngesokake bebenduningSun marang nagara iku kalawan ngwutahake getih, satemah sirna manungsa lan kewan ing nagara kono,

20. sanadyan Nuh, Dhaniel lan Ayub ana ing kono, demi Ingsun agesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- wong iku ora bakal bisa padha nylametake anak lanang utawa wadon, nanging mung bakal padha bisa mitulungi nyawane dhewe marga saka kamursidane.

maca bab lengkap Yeheskiel 14