Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 14:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse mangkono panunggalane para pinituwaning Israel ana sawatara kang padha nemoni aku lan banjur linggih ana ing ngarepku.

2. Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:

3. “He, anaking manungsa, wong iki padha mundhi-mundhi brahalane ana ing sajroning atine lan mrenahake watu sandhungan ana ing ngarepe kang njalari padha tumiba ing kaluputan. Apa Ingsun karsa yen wong iku padha nyuwun pituduh marang Ingsun?

4. Mulane padha tuturana lan kandhanana mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Saben wong turune Israel kang mundhi-mundhi brahalane ana ing sajroning atine lan mrenahake watu sandhungan ana ing ngarepe kang nuwuhake duraka, mangka banjur nemoni nabi -- Ingsun, Yehuwah piyambak kang bakal paring wangsulan marga saka akehe brahalane iku,

5. supaya Ingsun bisa ngrogoh atine turune Israel, kang wus padha ninggal Ingsun kabeh sarana anggone padha ngetut-buri marang sakehing brahalane iku.

6. Awit saka iku sira tutura marang turune Israel mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Padha mratobata lan padha ngungkurna brahala-brahalanira lan ninggala sakehing panggawenira kang nistha,

maca bab lengkap Yeheskiel 14