Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 13:18-23 Kitab Sutji (JAV)

18. Sira kandhaa: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Bilai para dhukun wadon, kang naleni kabeh ugel-ugel kalawan tali jimat lan ngenggokake kudhung ing sirahe wong kabeh, tuwa utawa enom, kanggo njiret nyawaning wong. Sira apa arep njiret nyawaning wong kang kagolong umatingSun lan ngetokake wong-wong liyane padha urip kanggo kapreluanira?

19. Sira iku nerak kasuceningSun ana ing satengahe umatingSun mung supaya oleh sair sawatara gegem lan roti sawatara iris kalawan mateni wong-wong kang kudune ora mati lan ngetogake wong-wong padha urip, kang kudune ora urip, marga saka anggonira ngapusi umatingSun, kang gelem ngrungokake ujar goroh.

20. Awit saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun bakal nglawan tali jimatira, kang sira anggo njiret nyawaning wong, bakal Sunrebat saka ing tanganira tuwin wong-wong kang padha sira cekel iku bakal Suneculake kaya manuk.

21. Kudhungira bakal Sunsuwek-suwek lan bakal nguwalake umatingSun saka ing tanganira sarta iku padha ora bakal dadi memangsanira maneh ana ing tanganira. Sira banjur padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.

22. Sarehne sira padha ngringkihake atine wong bener kalawan goroh, sanadyan Ingsun ora damel prihatine lan kosokbaline sira padha mangkotake atine wong duraka, satemah banjur ora mratobat saka ing kalakuane kang duraka iku, sarta sira padha nglestarekake wong iku urip,

23. mulane sira ora bakal ndeleng maneh prakara-prakara kang awujud apus-apus lan nglairake pameca-pameca kang goroh; Ingsun bakal ngluwari umatingSun saka ing tanganira tuwin sira bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”

maca bab lengkap Yeheskiel 13