Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 13:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse mangkono banjur ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:

2. “He, anaking manungsa, sira medhara wangsit nglawan nabine Israel, medhara wangsit lan tutura marang wong-wong kang medhar wangsit sasenenge dhewe bae iku mangkene: Rungokna pangandikane Pangeran Yehuwah!

3. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Cilaka para nabi kang gemblung kang nuruti pamisiking atine dhewe iku lan kang ora ndeleng wahyu.

4. Kayadene asu ajag ing satengahing gempuran; iya kaya mangkono iku para nabinira, he Israel.

5. Sira ora padha ngadeg ana ing bolongan-bolonganing balowarti lan ora ngedegake balowarti ing sakubenging omahe Israel, supaya padha bisa tetep lestari ana ing paperangan ing dinane Pangeran Yehuwah.

6. Wahyune wong-wong iku ngapusi lan pamecane iku goroh. Padha kandha: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah. Mangka padha ora kautus dening Yehuwah, ewasamono padha ngarep-arep kelakone pangandikane mau.

7. Kang padha sira deleng iku rak wahyu apus-apusan sarta pameca kang goroh, kang padha sira ucapake iku, samangsa sira celathu: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, mangka Ingsun ora ngandika?

8. Mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:

9. Ingsun bakal ngacungake astaningSun nglawan para nabi kang ndeleng prakara kang ora nyata lan kang ngucapake pameca-pameca kang goroh, wong-wong iku ora klebu ing golonganing umatingSun lan ora bakal kapengetan dadi turuning Israel, lan ora bakal lumebu maneh ing tanah Israel, sarta sira bakal sumurup, manawa Ingsun iki Pangeran Yehuwah.

10. Amarga, iki sanyatane, wong-wong iku padha nasarake umatingSun kalawan tembunge: Tentrem rahayu, mangka babar pisan ora tentrem rahayu -- padha ngedegake balowarti lan lah banjur dilabur kalawan gamping --

maca bab lengkap Yeheskiel 13