Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 11:14-19 Kitab Sutji (JAV)

14. Sawuse mangkono ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:

15. “He, anaking manungsa, para kang manggon ing Yerusalem padha kandha bab sakehing sadulurira, sanak kadangira, lan sakehing turune Israel kabeh, mangkene: Wong-wong iku wus padha adoh karo Pangeran Yehuwah, tanah iki wus kaparingake marang aku dadi duwekku.

16. Mulane sira pratelakna: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sanadyan wong-wong iku wus Sunbekta adoh menyang ing satengahe bangsa-bangsa lan Sunsebar-sebar ana ing kutha-kuthane, sarta Ingsun mung dadi pasucen kang sepele tumrap wong-wong iku ana ing nagara-nagara kono,

17. ewasamono sira celathua: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira bakal padha Suntimbali nglumpuk saka ing panggonane para bangsa, sarta Sunkumpulake saka ing nagara-nagara, papan panggonanira kasebar, tuwin sira bakal Sunparingi tanah Israel.

18. Dene sawuse padha ana ing kana, bakal padha nyingkirake sakehing dewane kang nistha lan sakehing panggawene kang asor kang ana ing kana.

19. Bakal padha Sunparingi ati kang seje lan roh kang anyar ana ing batine; atine kang kaya watu bakal Sunbengkas lan bakal Sunparingi ati daging,

maca bab lengkap Yeheskiel 11