Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 11:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Aku nuli kajunjung dening Sang Roh kabekta menyang ing lawanging gapurane Wetan padalemaning Yehuwah, yaiku lawang kang marep mangetan. Lah ing gapura kono ana wong salawe lan ana ing satengahe wong-wong iku aku ndeleng Yaazanya bin Azur lan Pelaca bin Benaya, iku kabeh padha dadi panggedhening bangsa.

2. Aku banjur dipangandikani mangkene: “He, anaking manungsa, yaiku wong-wong kang ngrancang-ngrancang kadurjanan lan nyenyebar pitutur ala ana ing kutha kene,

3. kang padha celathu: Wektune mbangun omah isih tangeh, kutha iki kendhile, dene kita padha dadi daginge.

4. Mulane sira medhara wangsit, nglawan wong-wong iku, medhara wangsit, he anaking manungsa!”

5. Aku tumuli kalimputan ing Rohe Pangeran Yehuwah lan Pangeran Yehuwah ngandika marang aku mangkene: “Pratelakna: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira padha celathu mangkene, he turune Israel, lan Ingsun mirsa apa kang tuwuh ana ing sajroning atinira.

6. Wong kang padha sira pateni iku cacahe saya akeh lan dalan-dalan padha sira kebaki mayite.

7. Awit saka iku mangkene pangandikane Pangeran Allah: Wong kang padha sira pateni iku daginge, dene kutha iki kendhile, nanging sira bakal Sungiring metu saka ing kono.

8. Sira padha wedi marang pedhang, nanging Ingsun bakal ndhatengake pedhang nempuh sira. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

9. Ingsun bakal nggiring sira metu saka ing kono, Sunpasrahake marang wong manca sarta sira bakal padha Sundhawahi paukuman.

10. Sira bakal padha ambruk dening pedhang, lan ana ing tanah Israel anggoningSun ngukum sira, sarta sira bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.

11. Kutha iki ora bakal dadi kendhil tumrap sira utawa kaya-kaya sira dadi daging ana ing kono. Ana ing tanah Israel anggoningSun bakal ngukum sira.

12. Lan sira bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah; amarga kalakuanira iku ora cocog kalawan pranatan-pranataningSun sarta sira ora nglakoni dhawuhingSun, malah sira nindakake padataningSun bangsa-bangsa ing sakubengira.”

13. Nalika aku lagi medhar wangsit iku, Pelaca bin Benaya mati. Aku banjur sujud lan munjuk kalawan swara sora mangkene: “Dhuh Pangeran Yehuwah, punapa Paduka badhe numpes kekantunipun Israel?”

maca bab lengkap Yeheskiel 11