Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 10:5-14 Kitab Sutji (JAV)

5. Swaraning swiwine kerub iku keprungu nganti tekan ing plataran ing jaba kaya swaraning Allah Kang Mahakwasa manawa ngandika.

6. Wong kang manganggo mori mau kadhawuhan mangkene: “Sira njupuka geni saka ing satengahe rodha-rodhane, saka ing satengahe kerub iki!” Kang manganggo mori banjur mangkat lan ngadeg ing sandhinge salah sawijine rodha iku.

7. Nuli kerub kang siji mulung tangane saka ing satengahing para kerub marang ing geni kang ana ing satengahe, kajupuk sathithik kadekekake ing tangane kang manganggo mori. Wong iki nampani banjur lunga.

8. Kerub-kerub iku katon kadunungan kang kaya tanganing manungsa ana ing sangisoring swiwine.

9. Aku ndeleng sandhing kerub-kerub iku ana rodha papat, saben kerub ing sandhinge ana rodhane siji, sarta rodha-rodha iku katon gumebyar kaya sesotya pirus.

10. Katone kapat pisan iku padha, kaya-kaya rodha kang siji dumunung ing satengahe rodha sijine.

11. Manawa ngglindhing bisa ngener ing patang panggonan, ora nganggo mingar-minger lakune, amarga menyang ngendi parane rodha kang ngarep, rodha liya-liyane padha ngetutake, tanpa mingar-minger lakune.

12. Badane kerub sakojur, gegere, tangane, swiwine lan rodhane kapat pisan kebak mripat mubeng.

13. Sakrunguku rodha-rodhane iku jenenge “rodha mubeng”.

14. Siji-sijine kadunungan rai papat: kapisan rai kerub, kapindho rai manungsa, katelu rai singa lan kapate rai garudha.

maca bab lengkap Yeheskiel 10