Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 10:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Aku banjur ndeleng lah ing sadhuwure penthengan kang mayungi sirahe para kerub ing dhuwure ana kang kaya dhampar, katon kaya sesotya manila.

2. Kang manganggo mori mau nuli kapangandikanan mangkene: “Sira lumebua ing sangisoring kerub saka ing antarane rodha-rodhane, ngrakupa mawa mengangah saka ing satengahe kerub iku lan sawurna ing sadhuwure kutha iku.” Aku tumuli sumurup wong mau lumebu.

3. Kerub mau padha ngadeg ana ing sakidule Padaleman Suci, nalika wong mau lumebu ing satengahe rodha-rodhane, lan plataran ing jero kalimputan ing mega.

4. Ing nalika iku kamulyaning Sang Yehuwah minggah saka ing sadhuwuring kerub lan pindhah ing tlundhage lawanging Padaleman Suci, lan Padaleman Suci iki kapenuhan ing mega sarta platarane kebak cahya kamulyane Pangeran Yehuwah.

5. Swaraning swiwine kerub iku keprungu nganti tekan ing plataran ing jaba kaya swaraning Allah Kang Mahakwasa manawa ngandika.

maca bab lengkap Yeheskiel 10