Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 1:16-24 Kitab Sutji (JAV)

16. rupane mencorong kaya sesotya pirus, kapate kembar lan katone ing tengahing rodha kaya ana rodhane.

17. Manawa padha lumaku, bisa ngener menyang ing keblat papat, ora nganggo mingar-minger.

18. Rodha-rodha mau ana wengkune lan aku ndeleng wengku kapat pisan iku padha kebak mata mubeng.

19. Manawa makhluk kang urip iku padha lumaku, rodhane uga lumaku ing sandhinge; lan manawa makhluk kang urip iku padha kaumbulake saka ing bumi, rodhane iya padha katut kaumbulake.

20. Menyang ngendi panuntuning roh, iya mrono paraning para makhluk mau tuwin rodha-rodhane padha kaangkat bebarengan karo makhluk-makhluk iku, amarga rohing makhluk-makhluk kang urip iku dumunung ana ing rodhane.

21. Manawa makhluk kang urip iku padha lumaku, rodhane uga padha lumaku, manawa makhluk mau padha mandheg, rodhane iya padha mandheg, sarta manawa makhluk mau padha kaumbulake saka ing bumi, rodhane iya padha katut kaangkat bebarengan karo makhluk-makhluk iku, amarga rohing para makhluk iku dumunung ana ing rodhane.

22. Ing sadhuwure sirahe makhluk-makhluk kang urip iku ana rerupan kang saemper langit, kang katon kaya kristal es kang nggegirisi, kagelar ing sadhuwure sirahe.

23. Lan ana ing sangisoring langit iku swiwine kabeber jejeg, kang siji gathuk karo sijine, kabeh padha duwe swiwi loro kang nutupi awake.

24. Manawa padha lumaku, aku krungu swara kumebeting swiwine kumrasak, kayadene swaraning grojogan, kaya swarane Kang Mahakwasa, gumuruh kaya swarane wadya bala akeh; manawa padha mandheg, swiwine diingkupake.

maca bab lengkap Yeheskiel 1