Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 31:4-14 Kitab Sutji (JAV)

4. He Lemuel, ora pantes kanggone para ratu,ora patut para ratu manawa ngunjuk anggur,utawa para panggedhe manawa mundhut minuman keras.

5. Aja nganti marga saka anggone ngunjuk mau, banjur nglirwakake apa kang wus katetepake,lan ndhoyongake wewenange wong-wong kang katindhes.

6. Minuman keras iku wenehna marang wong kang arep sangsara,lan anggure marang wong kang prihatin;

7. iku kareben padha ngombe supaya lali marang kamlaratane,lan ora kelingan marang kasusahane maneh.

8. Cangkemmu angapna kanggo wong bisu,lan kanggo wewenange wong kang nglayung.

9. Cangkemmu angapna, lan gawea putusan kang adil.Wong kang katindhes lan kang miskin padha wenehana wewenange.

10. Rabi kang cakep sapa kang bisa nemu?Dene ajine ngungkuli mutiara.

11. Atine kang lanang pracaya marang kang wadon iku,kang lanang ora tau kekurangan kauntungan.

12. Tansah gawe becik marang kang lanang, ora tau ditanduki ala,ing sajege uripe.

13. Ngupaya wulu wedhus gembel lan rami,lan seneng nggarap pagawean klawan tangane.

14. Kayadene prau-praune sudagar,nekakake rejekine saka ing papan kang adoh.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 31