Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 31:25-31 Kitab Sutji (JAV)

25. Panganggone kekuwatan lan kaluhuran,tumrap dina buri mung gumuyu bae.

26. Anggone ngangapake cangkeme kalawan kawicaksanan,lan ilate kadunungan piwulang kang alus.

27. Tansah ngulat-ulatake samobah-mosiking brayate,lan ora tau mangan rejeki wohing tindak kesed.

28. Anak-anake padha tangi sarta ngarani biyunge rahayu,dalah bojone iya ngalembana marang kang wadon, pangucape:

29. Akeh wong wadon kang nindakake kautaman,nanging kowe ngungkuli iku kabeh.

30. Warna endah iku goroh lan ayune rupa iku tanpa guna,nanging wong wadon kang wedi asih marang Pangeran Yehuwah iku kaalembana.

31. Iku wenehana panduman saka wohing tanganepanggawene iku kareben ngalembana dheweke ana ing gapura!

maca bab lengkap Wulang Bebasan 31