Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 31:13-25 Kitab Sutji (JAV)

13. Ngupaya wulu wedhus gembel lan rami,lan seneng nggarap pagawean klawan tangane.

14. Kayadene prau-praune sudagar,nekakake rejekine saka ing papan kang adoh.

15. Anggone tangi isih peteng,banjur nyadhiyakake pangan kanggo wong saomahlan mbage-mbage gawean marang sakehe pembantune wadon.

16. Bisa tuku pategalan, kang dikarepake,pituwasing tangane kanggo wragad nanduri pakebonan anggur.

17. Bangkekane disabuki karosan,lengene dikuwatake.

18. Dheweke sumurup, manawa pametune nguntungake,yen bengi damare ora mati.

19. Tangane ditumpangake ing jantra,drijine nyekel onthelane.

20. Tangane diulungake marang wong kang katindhes,ngulurake tangane marang wong mlarat.

21. Ora nyumelangake wong saomah kabeh ing mangsa tibaning salju,marga wong saomah padha manganggo rangkep.

22. Gawe babut kanggo awake dhewe,pangganggone arupa lena alus lan kain wungu.

23. Kang lanang kondhang ana ing gapuraning kutha,samangsa lelungguhan karo para tuwa-tuwane nagara.

24. Kang wadon gawe sandhangan lena, banjur diedol,sarta masrahake sabuk marang para wong dagang.

25. Panganggone kekuwatan lan kaluhuran,tumrap dina buri mung gumuyu bae.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 31