Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 31:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Iki pangandikane Sang Prabu Lemuel, ratu ing Masa,kang diwulangake dening kang ibu marang panjenengane.

2. He anakku, anak kang daklairake, anaking punagiku,apa kang bakal daktuturake marang kowe?

3. Kekuwatanmu aja kokwenehake marang wong wadon,mangkono uga lakumu, marang para wong wadon kang ndadekake rusake para ratu.

4. He Lemuel, ora pantes kanggone para ratu,ora patut para ratu manawa ngunjuk anggur,utawa para panggedhe manawa mundhut minuman keras.

5. Aja nganti marga saka anggone ngunjuk mau, banjur nglirwakake apa kang wus katetepake,lan ndhoyongake wewenange wong-wong kang katindhes.

6. Minuman keras iku wenehna marang wong kang arep sangsara,lan anggure marang wong kang prihatin;

7. iku kareben padha ngombe supaya lali marang kamlaratane,lan ora kelingan marang kasusahane maneh.

8. Cangkemmu angapna kanggo wong bisu,lan kanggo wewenange wong kang nglayung.

9. Cangkemmu angapna, lan gawea putusan kang adil.Wong kang katindhes lan kang miskin padha wenehana wewenange.

10. Rabi kang cakep sapa kang bisa nemu?Dene ajine ngungkuli mutiara.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 31