Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 29:16-24 Kitab Sutji (JAV)

16. Yen cacahe wong duraka mundhak, panerak iya saya akeh,nanging para wong bener bakal padha nyipati ambruke.

17. Anakmu gulawenthahen, temah bakal ndadekake ayeming atimu,malah aweh kabungahan marang nyawamu.

18. Manawa ora ana wangsit, rakyat dadi urakan,rahayu wong kang netepi angger-angger.

19. Rewang ora bisa diperdi mung klawan tembung thok,marga sanadyana ngreti, nanging ora nindakake.

20. Kowe weruh wong kang gumampang ngetokake tetembungan;wong gemblung pangarep-arepe luwih akeh katimbang wong iku.

21. Sing sapa nguja rewange wiwit enom,wekasane malah ndadekake rewang mau kaduk-wani.

22. Wong kang gampang nepsu nukulake tukar-padu,sarta wong brangasan akeh panerake.

23. Watek angkuh njalari asoring awak,nanging kang andhap-asor iku oleh pangalem.

24. Sing sapa nampani panduman saka maling, iku sengit marang awake.Wus krungu tumibaning ipat-ipat, nanging ora disumurupi.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 29