Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 25:8-15 Kitab Sutji (JAV)

8. aja kesusu anggonmu tumindak gawe prakara ana ing pangadilan,awit ing wekasane apa kang kena koktindakake,manawa lawanmu wus ndadekake wirangmu?

9. Belanana prakaramu karo lelawananmu,nanging aja ngeler wewadining liyan;

10. supaya kowe aja nganti diwewada dening kang padha krungu,temah kawiranganmu ora bakal bisa ilang.

11. Tetembungan kang diucapake cocog karo wektune,iku upamane kaya apel mas ana ing pinggan salaka.

12. Pepelinge wong wicaksana iku tumrap kuping kang nilingake,kaya ali-ali mas utawa pasren mas murni.

13. Kaya anyepe salju ing mangsa panen,kaya mangkono kongkonan kang temen lan setya tumrape kang ngongkon,awit nyegerake atine lurahe.

14. mendhung lan angin kang tanpa udan,kaya mangkono iku wong kang ngumukake ganjaran kang ora tau ditampani.

15. Para pangwasa bisa diyakinake srana kasabaran,ilat kang alus ngremukake balung.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 25