Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 24:22-32 Kitab Sutji (JAV)

22. Marga kalawan dadakan padha ndhatengake kasangsaran,sarta sapa nyumurupi lebure, kang didhatengake dening kalih-kalihe?

23. Ing ngisor iki iya wulang bebasan anggitane para wicaksana,mawang wong ana ing pangadilan iku ora prayoga.

24. Sing sapa tutur marang wong duraka: “Kowe ora luput,”iku bakal diipat-ipati dening para bangsa, lan disupatani dening para suku bangsa.

25. Nanging kang aweh pepenget bakal nemu kabegjan,sarta bakal ginanjar ing berkah.

26. Sing sapa mangsuli klawan patitis,iku nucup lambe.

27. Pagaweanmu ing jaba rampungna,sarta cawisna iku ana ing pategalan,sawuse iku banjur lagi ngadegna omahmu.

28. Aja dadi seksi tumrap pepadhamu tanpa sabab,lan ngapusi kalawan lambemu.

29. Aja duwe pangucap: “Kayadene kang dadi panggawene wong iku marang aku, iya kaya mangkono bakal tandukku marang wong mau.Aku males marang wong manut panggawene.”

30. Aku ngliwati pategalane wong kesed,lan ing pakebonane anggur wong kang tanpa budi.

31. Lah kabeh iku kebak kathukulan bondhot,lemahe katuwuhan ing lateng,sarta temboke wus rubuh.

32. Aku ndeleng lan banjur njupuk piwulange,aku ndeleng nuli oleh wulangan.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 24