Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 24:14-26 Kitab Sutji (JAV)

14. Wruhanamu, kaya mangkono rasane kawicaksanan tumrap nyawamu,manawa koktemu, ana kang kokanti-anti ing dina buri,sarta pangarep-arepmu ora bakal ilang.

15. Aja ngintip papan padunungane wong bener kaya tindake wong duraka,aja ngrusak omahe.

16. Awit wong bener iku sanadyan tiba rambah ping pitu, mesthi ngadeg maneh,nanging wong duraka bakal ambruk ana ing sajroning bilai.

17. Manawa satrumu tiba, aja bungah,sarta manawa kejlungup aja giyak-giyak atimu,

18. supaya Pangeran Yehuwah ora uninga lan mastani ala,banjur nyingkirake bebendune saka wong mau.

19. Aja nepsoni marang wong kang nindakake piala,aja meri marang wong duraka.

20. Awit ora ana pangarep-arep tumrap wong ala,damare wong duraka iku bakal mati.

21. He anakku, diwedi asih marang Pangeran Yehuwah lan marang ratu,aja mbalila marang sakaro-karone.

22. Marga kalawan dadakan padha ndhatengake kasangsaran,sarta sapa nyumurupi lebure, kang didhatengake dening kalih-kalihe?

23. Ing ngisor iki iya wulang bebasan anggitane para wicaksana,mawang wong ana ing pangadilan iku ora prayoga.

24. Sing sapa tutur marang wong duraka: “Kowe ora luput,”iku bakal diipat-ipati dening para bangsa, lan disupatani dening para suku bangsa.

25. Nanging kang aweh pepenget bakal nemu kabegjan,sarta bakal ginanjar ing berkah.

26. Sing sapa mangsuli klawan patitis,iku nucup lambe.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 24