Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 24:13-20 Kitab Sutji (JAV)

13. He anakku, mangana madu, awit iku becik,sarta rembesing madu iku legi rasane ana ing cethakmu.

14. Wruhanamu, kaya mangkono rasane kawicaksanan tumrap nyawamu,manawa koktemu, ana kang kokanti-anti ing dina buri,sarta pangarep-arepmu ora bakal ilang.

15. Aja ngintip papan padunungane wong bener kaya tindake wong duraka,aja ngrusak omahe.

16. Awit wong bener iku sanadyan tiba rambah ping pitu, mesthi ngadeg maneh,nanging wong duraka bakal ambruk ana ing sajroning bilai.

17. Manawa satrumu tiba, aja bungah,sarta manawa kejlungup aja giyak-giyak atimu,

18. supaya Pangeran Yehuwah ora uninga lan mastani ala,banjur nyingkirake bebendune saka wong mau.

19. Aja nepsoni marang wong kang nindakake piala,aja meri marang wong duraka.

20. Awit ora ana pangarep-arep tumrap wong ala,damare wong duraka iku bakal mati.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 24