Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 22:1-18 Kitab Sutji (JAV)

1. Pilih jeneng kang becik tinimbang karo kasugihan gedhe,luwih becik nampani katresnan katimbang oleh salaka lan mas.

2. Wong sugih lan wong mlarat padha papagan,sakaro-karone Pangeran Yehuwah kang nitahake.

3. Wong wicaksana manawa nyumurupi anane bilai, banjur ndhelik,balik wong ora duwe pangalaman terus bae lakune, temah ngalami kasangsaran.

4. Andhap-asor lan pangabekti marang Sang Yehuwah iku diganjar,kasugihan, kaluhuran lan urip.

5. Eri lan kala ana ing dalane wong kang atine culika,sing sapa kepengin njaga awake, iku ngedohi wong mau.

6. Wong anom iku gulawenthahen manut dalan kang laras tumrap dheweke,samangsa wus tuwa ora bakal nyleweng saka dalan iku.

7. Wong sugih nguwasani para wong miskin,lan sapa kang utang, dadi bature kang motangake.

8. Wong kang nyebar kaculikan bakal ngeneni pakewuh,temah gitiking nepsune bakal lebur.

9. Wong berbudi iku bakal binerkahan,awit wong mlarat padha dipandumi rejekine.

10. Wong memoyok iku tundhungen, temah tukar-padu banjur ilang,lan kang padha padu lan nacad padha leren.

11. Sing sapa seneng marang resiking ati, sarta manis wicarane,iku dadi mitraning ratu.

12. Tingale Sang Yehuwah ngreksa marang kawruh,nanging ujare wong cidra diwurungake.

13. Ujare wong kesed: “Ing njaba ana singa,aku arep dipateni ana ing tengah dalan.”

14. Ujare wong wadon tuna-susila iku luwangan kang jero,sing sapa kena bebendune Pangeran Yehuwah iku bakal kecemplung ing kono.

15. Kabodhoan iku tumempel ing atine wong anom,nanging gitiking pamerdi kang bakal ngilangake iku.

16. Sing sapa nindhes marang wong kang ringkih murih oleh kauntungan kanggo awake dhewe,utawa kang weweh marang wong sugih, iku ndadekake kapitunane dhewe.

17. Nilingna kupingmu, rungokna pituture para wong wicaksana,sarta gatekna sakehe kawruhku.

18. Marga manawa iku kokrawati ana ing sajroning ati bakal gawe senengmu,manawa kabeh iku cumawis ana ing lambemu.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 22