Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 18:20-24 Kitab Sutji (JAV)

20. Wetenge wong iku diwaregi klawan asile cangkeme,lan diwaregi dening pametune lambene.

21. Pati lan urip padha kawengku ing ilat,sapa kang seneng mratak-mratakake, iku mesthi mangan wohe.

22. Sapa kang oleh jodho iku nemu bab kang becik,sarta oleh sihe Sang Yehuwah.

23. Wong miskin memelas celathune,nanging wong sugih songol wangsulane.

24. Ana kanca kang marakake sangsara,nanging uga ana mitra kang rumakete ngungkuli sadulur.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 18