Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 18:2-9 Kitab Sutji (JAV)

2. Wong gemblung iku ora seneng marang pangreten,mung dhemen njereng isining atine.

3. Samangsa duraka iku teka, tindak ngremehake uga teka ngetutake,sarta cacad iku dibarengi pamoyok.

4. Tembunging cangkeme wong iku kaya banyu kang jero,nanging sumber kawicaksanan, iku kaya kali kang mili.

5. Ora becik ngeloni wong duraka,kalawan nampik wong bener ana ing pangadilan.

6. Lambene wong gemblung njalari pasulayan,sarta cangkeme bengak-bengok njaluk digitiki.

7. Wong gemblung nemahi karusakan marga saka cangkeme,sarta lambene dadi kala tumrap nyawane.

8. Tembunge wong mitenah iku kaya panganan kang enak-enak,kang lumebu ing sajroning ati.

9. Wong kang kesed sajroning nindakake pagaweane,iku wus dadi sadulure juru pangrusak.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 18