Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 18:12-22 Kitab Sutji (JAV)

12. Lumuhur-luhur pepucuking karusakan,nanging andhap-asor iku margane kajen.

13. Manawa wong mangsuli sadurunge ngrungokake,iku bodho sarta cacad.

14. Kencenging ati marakake tahan nandhang sangsara,nanging sapa kang bisa mulihake semplahing ati?

15. Atine wong pinter ngolehake kawasisan,lan kupinge wong wicaksana ngupaya kapinteran.

16. Ganjaran ngomberake dalane wong,lan nglantarake marang ing ngarsane para wong luhur.

17. Kang guneman dhisik ing sajrone para padu, kaya-kaya iku kang bener,nanging bareng ana wong liya kang teka, prakarane banjur dititipriksa.

18. Tibane undhi mungkasi pepadon,sarta ngrampungake prakara ing antarane wong-wong kang nduweni pangwasa.

19. Sadulur kang diserikake atine, luwih angel dicedhaki katimbang karo nyedhaki kutha kang santosa,lan crah iku kayadene slaraking gapurane beteng.

20. Wetenge wong iku diwaregi klawan asile cangkeme,lan diwaregi dening pametune lambene.

21. Pati lan urip padha kawengku ing ilat,sapa kang seneng mratak-mratakake, iku mesthi mangan wohe.

22. Sapa kang oleh jodho iku nemu bab kang becik,sarta oleh sihe Sang Yehuwah.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 18