Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 17:23-28 Kitab Sutji (JAV)

23. Wong duraka nampani besel saka ing kanthong,kanggo ndhoyongake kaadilan.

24. Wawasane wong kang duwe pangreten iku tumuju marang kawicaksanan,nanging mripate wong gemblung klambrangan tekan ing pungkasane bumi.

25. Anak kang gemblung iku gawe laraning atine bapakne,lan prihatine biyunge.

26. Ndhendha wong bener iku tindak kang luput,lan nggitiki wong luhur iku uga ora patut.

27. Wong wasis iku bisa ngampet tembunge,sarta wong kang duwe kapinteran iku sareh ing budi.

28. Uga wong bodho manawa anteng iya bakal dikira wicaksana,lan manawa ngingkemake lambene iya dikira duwe kapinteran.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 17