Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 17:15-24 Kitab Sutji (JAV)

15. Mbenerake wong duraka lan ngluputake wong bener,iku karo-pisan nistha tumrap Pangeran Yehuwah.

16. Apa gunane wong gemblung nggegem dhuwit kanggo tuku kawicaksanan,sabab wong iku tanpa budi?

17. Mitra iku ing samangsa-mangsa ajeg bae katresnane,lan dadi sadulur ing sajroning kasusahan.

18. Wong kang tanpa budi yaiku wong kang nganakake pasarujukan,kang saguh nanggung pepadhane.

19. Wong kang dhemen grejegan iya seneng marang panerak,lan sing sapa mbecikake lawange iku ngupaya karusakan.

20. Wong kang atine cidra ora bakal nemu kabegjan,kang dursila ilate bakal tumiba ing bilai.

21. Sing sapa duwe anak gemblung, iku prihatin,lan bapakne wong bodho sepi ing kabungahan.

22. Ati kang bingar iku minangka obat kang manjur,nanging ilanging semangat iku ngroposake balung.

23. Wong duraka nampani besel saka ing kanthong,kanggo ndhoyongake kaadilan.

24. Wawasane wong kang duwe pangreten iku tumuju marang kawicaksanan,nanging mripate wong gemblung klambrangan tekan ing pungkasane bumi.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 17