Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 17:10-21 Kitab Sutji (JAV)

10. Srengen sapisan tumrap wong kang mawa budi, rumasuke luwih jerotinimbang karo wong goblog digitik rambah ping satus.

11. Wong duraka iku mung tansah golek piala,nanging kongkonan kang tanpa welas bakal nekani wong mau.

12. Milaur kepranggul bruwang wadon kang kelangan anake,tinimbang karo kepethuk wong gemblung klawan bodhone.

13. Sing sapa males piala marang kabecikan,piala ora bakal sumingkir saka ing omahe.

14. Miwiti grejegan iku kaya mbedhah bendungan,mulane mundura sadurunge wiwit grejegan.

15. Mbenerake wong duraka lan ngluputake wong bener,iku karo-pisan nistha tumrap Pangeran Yehuwah.

16. Apa gunane wong gemblung nggegem dhuwit kanggo tuku kawicaksanan,sabab wong iku tanpa budi?

17. Mitra iku ing samangsa-mangsa ajeg bae katresnane,lan dadi sadulur ing sajroning kasusahan.

18. Wong kang tanpa budi yaiku wong kang nganakake pasarujukan,kang saguh nanggung pepadhane.

19. Wong kang dhemen grejegan iya seneng marang panerak,lan sing sapa mbecikake lawange iku ngupaya karusakan.

20. Wong kang atine cidra ora bakal nemu kabegjan,kang dursila ilate bakal tumiba ing bilai.

21. Sing sapa duwe anak gemblung, iku prihatin,lan bapakne wong bodho sepi ing kabungahan.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 17