Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 17:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Pilih roti garing sairis kanthi tentrem,tinimbang mangan daging saomah kanthi crah.

2. Rewang kang mawa budi iku bisa ngereh marang anak kang mirangake,malah melu oleh warisan bebarengan karo para sadulure bocah iku.

3. Kowi iku kanggo ngejer salaka lan prapen kanggo ngejer emas,nanging Pangeran Yehuwah kang ndadar ati.

4. Wong kang nindakake piala nggatekake lambe duraka,lan wong cidra nilingake kupinge marang ilat kang gawe cilaka.

5. Sing sapa nyampahi marang wong miskin iku ngala-ala marang Kang Nitahake,sarta kang bungah marga ana kacilakan iku mesthi bakal nampani paukuman.

6. Makuthaning para wong tuwa iku anak-putune,lan kang minangka kaurmatane anak-anak iku para leluhure.

7. Wong gemblung iku ora pantes nglairake tembung-tembung kang apik,mendahane maneh wong luhur ngucapake tembung cidra.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 17