Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 14:8-20 Kitab Sutji (JAV)

8. Kang dadi kawicaksanane wong pinter iku anggone ngreti marang dalane dhewe,nanging wong bodho iku diapusi dening bodhone.

9. Wong bodho moyoki marang kurban panebuse,nanging wong jujur padha wales-winales ing kabecikan.

10. Ati iku ngrasakake kasusahane dhewe,dene wong liya ora bisa melu ngrasakake kabungahane.

11. Omahe wong duraka bakal sirna,nanging tarube wong jujur bakal mekar.

12. Ana dalan kang dikira lenceng dening wong,mangka wekasane anjog marang ing pati.

13. Ing sajroning gumuyu ati uga bisa ngrasakake sedhih,sarta wekasane kabungahan iku bisa kaprihatinan.

14. Wong kang atine murtad, kawaregan dening lakune dhewe,dene wong becik dening sabarang kang diduweni.

15. Wong kang ora duwe pangalaman ngandel sabarang ujar,nanging wong kang wicaksana iku nggatekake lakune.

16. Wong wicaksana iku ngati-ati lan nyingkiri piala,nanging wong gemblung nguja karepe sarta rumangsa tentrem.

17. Sing sapa gampang nepsu, iku tumindak tanpa budi,nanging wong wicaksana iku sabar.

18. Wong kang tanpa pangalaman pituwase kabodhoan,nanging wong wicaksana iku kamakuthan kawruh.

19. Wong ala padha tumungkul ana ing ngarepe wong becik,lan wong duraka ana ing ngarepe regole wong bener.

20. Wong miskin iku kasengitan uga dening kancane,nanging wong sugih akeh mitrane.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 14