Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 14:24-35 Kitab Sutji (JAV)

24. Kang dadi makuthane wong wicaksana iku kapinteran,nanging wong gemblung iku mamerake bodhone.

25. Seksi kang setya mitulungi uripe,nanging kang ngucapake goroh iku wong cidra.

26. Ing sajroning wedi-asih marang Sang Yehuwah iku tinemu katentreman kang gedhe,malah Pangeran Yehuwah iya dadi pangayoman tumrap para putrane.

27. Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku sumbering urip,temah wong ora kena ing jireting pati.

28. Kamulyane ratu iku marga saka kehing rakyate,nanging tanpa rakyat paprentahan rusak.

29. Wong kang sabar iku gedhe pangretene,nanging wong kang gampang nepsu iku nggedhekake kabodhoan.

30. Ati kang sareh iku nyegerake awak,nanging watak drengki iku ngroposake balung.

31. Sing sapa nindhes wong apes, iku ngremehake marang Kang Nitahake,nanging sapa kang welas marang wong miskin, iku ngurmati Panjenengane.

32. Wong duraka bakal dirubuhake marga saka pialane,dene wong bener oleh pangungsen marga saka tulusing atine.

33. Kawicaksanan manggon ing atine wong kang mawa budi,nanging iku ora tinemu ana ing atine wong gemblung.

34. Kabeneran iku ngunggahake drajating bangsa,nanging dosa iku dadi cacading bangsa.

35. Abdi kang mawa budi ndadekake keparenge Sang Prabu,nanging kang mirangake iku bakal nampani dedukane.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 14