Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 14:15-33 Kitab Sutji (JAV)

15. Wong kang ora duwe pangalaman ngandel sabarang ujar,nanging wong kang wicaksana iku nggatekake lakune.

16. Wong wicaksana iku ngati-ati lan nyingkiri piala,nanging wong gemblung nguja karepe sarta rumangsa tentrem.

17. Sing sapa gampang nepsu, iku tumindak tanpa budi,nanging wong wicaksana iku sabar.

18. Wong kang tanpa pangalaman pituwase kabodhoan,nanging wong wicaksana iku kamakuthan kawruh.

19. Wong ala padha tumungkul ana ing ngarepe wong becik,lan wong duraka ana ing ngarepe regole wong bener.

20. Wong miskin iku kasengitan uga dening kancane,nanging wong sugih akeh mitrane.

21. Sing sapa ngremehake pepadhane iku gawe dosa,nanging rahayu wong kang melasi marang wong kang kasangsaran.

22. Apa wong kang ngrantam-rantam piala iku dudu wong nasar?Nanging kang ngrancang kabecikan iku nampani sih lan kasetyan.

23. Angger kangelan mesthi ana pituwase,nanging tembung kang kothong iku mung nuntun marang kacingkrangan thok.

24. Kang dadi makuthane wong wicaksana iku kapinteran,nanging wong gemblung iku mamerake bodhone.

25. Seksi kang setya mitulungi uripe,nanging kang ngucapake goroh iku wong cidra.

26. Ing sajroning wedi-asih marang Sang Yehuwah iku tinemu katentreman kang gedhe,malah Pangeran Yehuwah iya dadi pangayoman tumrap para putrane.

27. Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku sumbering urip,temah wong ora kena ing jireting pati.

28. Kamulyane ratu iku marga saka kehing rakyate,nanging tanpa rakyat paprentahan rusak.

29. Wong kang sabar iku gedhe pangretene,nanging wong kang gampang nepsu iku nggedhekake kabodhoan.

30. Ati kang sareh iku nyegerake awak,nanging watak drengki iku ngroposake balung.

31. Sing sapa nindhes wong apes, iku ngremehake marang Kang Nitahake,nanging sapa kang welas marang wong miskin, iku ngurmati Panjenengane.

32. Wong duraka bakal dirubuhake marga saka pialane,dene wong bener oleh pangungsen marga saka tulusing atine.

33. Kawicaksanan manggon ing atine wong kang mawa budi,nanging iku ora tinemu ana ing atine wong gemblung.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 14