Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 13:13-21 Kitab Sutji (JAV)

13. Sing sapa ngremehake pangandika, iku bakal nanggung akibate,nanging sapa kang manut marang prentah, iku bakal tampa piwales.

14. Piwulange wong wicaksana iku sumbering urip,ndadekake wong ora kena ing kalaning pati.

15. Budi kang utama ngolehake sih,nanging dalane wong cidra iku ndadekake cilakaning wong iku.

16. Wong kang prayitna tumindak kanthi kawasisan,nanging wong bodho ngetokake bodhone.

17. Utusan kang duraka iku njalari cilaka,nanging duta kang setya nekakake kuwarasan.

18. Kamlaratan lan pamoyok iku bakal nempuh marang wong kang nglirwakake marang pamerdi,nanging sing sapa nampani pameleh iku kajen.

19. Pepenginan kang katutugan iku nyenengake ati,nanging wong gemblung ora gelem ninggal piala.

20. Sapa kang srawungan karo wong wicaksana, dadi wicaksana,nanging sapa kang kekancan karo wong gemblung iku nemu sangsara.

21. Wong dosa diburu ing bilai,nanging wong bener iku diwales kabegjan dening Panjenengane.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 13