Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 13:11-15 Kitab Sutji (JAV)

11. Bandha kang gampang olehe, mesthi bakal suda,nanging wong kang tlaten nglumpukake saka sathithik, bakal dadi sugih.

12. Pangarep-arep kang kasumenekake, gawe sedhihing ati,nanging pepenginan kang katutugan iku wit panguripan.

13. Sing sapa ngremehake pangandika, iku bakal nanggung akibate,nanging sapa kang manut marang prentah, iku bakal tampa piwales.

14. Piwulange wong wicaksana iku sumbering urip,ndadekake wong ora kena ing kalaning pati.

15. Budi kang utama ngolehake sih,nanging dalane wong cidra iku ndadekake cilakaning wong iku.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 13