Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 1:22-33 Kitab Sutji (JAV)

22. “He wong kang ora duwe pangalaman, nganti pira lawase,anggonmu isih nresnani kaananmu iku,tukang poyok anggone seneng memoyoklan wong bodho anggone sengit marang kawruh?

23. Padha madhepa marang pamelehku, lah aku arep ngesokake isining atikulan nyumurupake tembungku marang kowe.

24. Sarehne kowe mopo nalika dakundang,lan ora ana wong kang ngrewes nalika aku ngulurake tanganku,

25. malah kowe padha nyepelekake pituturkulan ora gelem nampani pepelingku,

26. mulane aku iya bakal nggeguyu bilaimu,lan nyokurake samangsa kowe ketekan pagiris,

27. samangsa kowe ketekan ing pagiris kang kaya prahara,lan katempuh ing bilai kang kaya lesus,sarta kataman ing karupekan lan kasusahan.

28. Ing kono bakal padha sambat-sambat marang aku, nanging ora bakal dakwangsuli,kanthi temen-temen anggone padha ngupaya aku, nanging ora bisa katemu.

29. Sarehne padha sengit marang kawruh lan ora milih ngabekti marang Pangeran Yehuwah,

30. padha emoh nampani pituturku,nanging padha nampik marang sakehe pamelehku,

31. mulane bakal padha mangan wohing panggawene,sarta padha wareg dening rancangane dhewe.

32. Awitdene wong kang tanpa pangalaman iku bakal kapatenan dening anggone lumun;sarta wong bodho bakal kasirnakake dening sembranane.

33. Balik sing sapa nggugu marang aku, iku bakal manggon kalawan slamet,kalis ing bilai kang nggegirisi.”

maca bab lengkap Wulang Bebasan 1