Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 8:6-17 Kitab Sutji (JAV)

6. “Wong Lewi iku padha sira ajokna saka ing tengahe wong Israel sarta padha sira sucekna.

7. Dene anggonira nucekake iku patrape mangkene: Padha sira kepyurana banyu pambirating dosa; banjur cukura badan sakojur lan padha ngumbaha sandhangane, tumuli padha dadi suci.

8. Sawuse mangkono tumuli padha njupuka sapi lanang nom siji, karo kurbane dhaharan arupa glepung gandum pilihan, diwori lenga, lan sira njupuka sapi lanang nom siji engkas kanggo kurban pangruwating dosa.

9. Wong Lewi banjur sira ajokna menyang ngarepe Tarub Pasewakan; sarta sira dhawuha marang sapasamuwane wong Israel kabeh supaya padha nglumpuk.

10. Wong Lewi iku nuli padha sira ajokna menyang ing ngarsane Yehuwah, lan wong Israel padha numpangna tangane marang wong Lewi iku;

11. karodene wong Lewi iku padha digoyanga dening Harun dadi pisungsung goyangan ana ing ngarsane Sang Yehuwah saka wong Israel, supaya padha nindakna bubuhane nglakoni ayahane Sang Yehuwah.

12. Sawuse wong Lewi padha numpangake tangane ing endhase sapi-sapi nom mau, kang siji tumuli sira saosna dadi kurban pangruwating dosa lan sijine kanggo kurban obaran konjuk marang Sang Yehuwah, kagawe nganakake karukunan tumrap para wong Lewi mau.

13. Wong Lewi banjur sira dhawuhana maju ana ing ngarepe Harun lan ing ngarepe para anake, sarta sira goyanga dadi pisungsung goyangan konjuk marang Pangeran Yehuwah.

14. Kaya mangkono anggonira nucekake para wong Lewi saka ing tengahe wong Israel, supaya padha dadia kagunganingSun.

15. Sawuse mangkono wong Lewi lagi kena lumebu nindakake ayahan ana ing Tarub Pasewakan, yaiku samangsa wus padha sira sucekake lan sira goyang dadi pisungsung goyangan.

16. Awitdene kudu padha kasaosake babar pisan marang Ingsun saka ing satengahe wong Israel; minangka lirune sadhengaha kang lair dhisik, iya liruning sakehe pambarepe wong Israel, iku wus padha Sunpundhut kagem Ingsun.

17. Awit sadhengah pambarepe wong Israel iku kagunganingSun, dadia manungsa utawa kewan. AnggoningSun nyengker iku kabeh dadi kagunganingSun iku nalikane Ingsun mateni sakehe para pambarep ana ing tanah Mesir.

maca bab lengkap Wilangan 8