Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 8:20-26 Kitab Sutji (JAV)

20. Anadene Nabi Musa lan Rama Harun sarta sapasamuwane wong Israel kabeh tumuli padha nindakake mangkono marang para wong Lewi; dene wong Israel iya padha nindakake ceples kaya kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa tumrap wong Lewi mau.

21. Wong Lewi padha mbirat dosane lan ngumbahi sandhangane, banjur padha digoyang dening Harun dadi pisungsung goyangan ana ing ngarsane Sang Yehuwah; sawuse mangkono Rama Harun nganakake pirukun kanggo wong-wong mau supaya padha birat najise.

22. Sarampunge iku wong Lewi padha lumebu, nindakake ayahane ana ing Tarub Pasewakan, lan dadi reh-rehane Rama Harun lan para putrane. Kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa ing ngatase wong Lewi, iya kaya mangkono kang kaetrapake marang wong-wong mau.

23. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa, mangkene:

24. “Iki pranatan kanggo wong Lewi: Saben wong kang umur salawe taun sapandhuwur iku kawajiban nindakake ayahan ngladeni ana ing Tarub Pasewakan,

25. dene samangsa wus nyandhak umur seket taun tumuli dililanana mundur saka anggone leladi, wus ora prelu nglakoni kuwajiban maneh.

26. Iya kalilan saupama melu ngrewangi para sadulure ana ing Tarub Pasewakan, mung bae wus ora prelu leladi dhewe. Kaya mangkono pamatahira marang para wong Lewi mungguh kang dadi kuwajibane.” edit 1: fajar 8.3.01

maca bab lengkap Wilangan 8