Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 6:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

2. “Sira mratelakna marang wong Israel lan tutura: Manawa ana wong lanang utawa wadon kang nglairake nadar kang mligi, yaiku nadaring wong nazir arep nyengker awake dhewe sumaos marang Sang Yehuwah,

3. iku kudu nyirik anggur lan sadhengah omben-omben kang mendemi, aja ngombe cokak anggur utawa ciyu kang mendemi, sarta aja ngombe omben-omben kang asale saka anggur, uga aja mangan woh anggur, dadia kang isih anyar utawa kang wus garing.

4. Salawase dadi nazir aja mangan sadhengah olah-olahan kang saka wit anggur, dadia kang wujud isi utawa pucuking pange.

5. Salawase nindakake punagine anggone dadi nazir, sirahe aja nganti kagepok ing lading panyukuran; nganti tumeka saganeping dinane anggone nyengker awake sumaos marang Pangeran Yehuwah, tansah dadia sengkeran lan rambute diingua.

maca bab lengkap Wilangan 6