Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 5:6-25 Kitab Sutji (JAV)

6. “Sira ndhawuhana marang wong Israel: Manawa ana wong lanang utawa wong wadon, nglakoni dosa marang pepadhane, lan marga saka iku ngowahi kasetyane marang Pangeran Yehuwah, temah wong mau nandhang kaluputan,

7. iku ngakonana dosane kang wus dilakoni mau, banjur mbayara tebusane kabeh kawuwuhana sapralimane, kawenehna marang wong kang ditanduki kaluputan.

8. Nanging saupama wong iku wus ora duwe sanak kang wajib nampani tebusaning kaluputan mau, ing kono tebusan kaluputan kang kudu kabayar iku dadi kagungane Sang Yehuwah, lan dadi pandumaning imam; iku durung kalebu wedhus gibas lanang karukunan kang dianggo nganakake karukunan tumrap wong mau.

9. Mungguh pisungsung-pisungsung suci kang kapasrahake wong Israel marang imam iku, pisungsunge mligi dadia pandumaning imam.

10. Dene pisungsung suci, kang digawa dening wong, iku pandumane wong iku dhewe; mung apa kang kawenehake dening wong marang imam, iku dadi pandumane imam iku.”

11. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

12. “Sira kandhaa marang wong Israel, padha tuturana: Manawa ana somahe wong kang laku ngiwa dadi ora setya marang kang lanang,

13. marga wong wadon iku ditunggal turu wong lanang liya, mangka bojone ora ngreti, awit anggone gawe kuceming awake iku digawe wadi, ora ana seksine, satemah ora konangan;

14. saupama kang lanang banjur kadunungan rohing kasujanan, nganti ndakwa marang kang wadon, mangka wong wadon mau dhasar nyata wus gawe kuceme awake, utawa manawa kang lanang katuwuhan rasa sujana, nganti ndakwa kang wadon, sanadyan kang wadon mau ora gawe kuceming awake,

15. ing kono wong lanang mau tumuli ngladekna somahe marang ngarepe imam. Lan wong iku kudu nggawa kurban marga saka kang wadon iku, arupa glepung sair saprasepuluh efa, aja nganggo diesoki lenga lan aja ditumpangi menyan, awitdene iku kurban dhaharan kasujanan, iya kurban pangeling-eling marang kaluputan.

16. Imam tumuli ngakona wong wadon iku maju, disebakna ing ngarsane Sang Yehuwah.

17. Imam tumuli nggawaa banyu suci diwadhahi genthong lemah, sarta njupuka lebu kang ana ing jrambahe Tarub Suci, dicemplungna ing banyu mau.

18. Sawuse wong wadon iku disebakake ing ngarsane Pangeran Yehuwah, rambute banjur diudharana, epek-epeke ditumpangana kurban pangeling-eling, yaiku kurban dhaharan kasujanan, dene tangane imam didokokana banyu pait kang malati.

19. Wong wadon mau disumpaha dening imam kalawan ngucapna: Manawa nyata kowe ora ditunggal turu dening wong lanang liya, lan ora laku ngiwa, -- awit kowe iku kawengku dening bojomu, -- kowe kalisa ing banyu pait kang malati iki;

20. balik manawa kowe nyata laku sedheng, temah ndadekake jembermu, marga ditunggal turu dening wong lanang liya; -- mangka kowe iku kawengku ing bojomu --

21. ing kono imam nyumpaha wong wadon mau klawan sumpah ipat-ipat, sarta ngucapa marang wong wadon mau, mangkene: Kowe didadekna tadhahing-sumpah ipat-ipat dening Pangeran Yehuwah ana ing tengahe bangsamu, pupumu bakal dadi cilik sarta wetengmu dadi busung,

22. marga banyu kang malati iki bakal manjing ing awakmu, ndadekake busunge wetengmu lan cilike pupumu. Wong wadon mau banjur ngucapa: Amin, amin.

23. Imam banjur nulisa ipat-ipat iku mau ana ing dluwang lan banjur ngilangana tulisan iku klawan banyu pait iku,

24. banyu pait kang nekakake walat iku banjur diombekna marang wong wadon mau, sarta banyu iku bakal lumebu ing awake lan njalari wong mau banjur lara banget.

25. Imam banjur njupuka kurbane dhaharan kasujanan saka ing tangane wong wadon mau, sarta kagoyanga ana ing ngarsane Sang Yehuwah lan kagawaa menyang ing misbyah.

maca bab lengkap Wilangan 5