Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 5:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

2. “Sira mrentahana marang wong Israel, supaya saben wong kang nandhang lara saraat, wong kang ngetokake umbel lan kang nggrajag getih, apadene kang najis marga saka jisim, padha kawetokna saka ing palereban,

3. lananga wadona padha kawetokna, iya sira wetokna menyang ing sajabane palereban, supaya aja nganti ndadekake najise pakuwon kang Sundalemi.”

4. Wong Israel banjur iya padha nglakoni kaya mangkono, wong-wong mau padha diwetokake saka ing palereban; apa sadhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa, iku diestokake dening wong Israel.

5. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

maca bab lengkap Wilangan 5