Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 4:7-17 Kitab Sutji (JAV)

7. Ing sadhuwure meja sesaosan kataplakana jarit wungu tuwa, tumuli ditatanana panjang, piring apadene tuwung lan kendhining kurban pangecuran dalah rotine sesaosan iya kudu ajeg ana ing kono.

8. Iku banjur kalurubana jarit jingga, banjur ditutupana lulang dhuyung, sawuse mangkono kaetrapana pikulane.

9. Karomaneh padha njupuka jarit wungu tuwa kagawea nutupi padamaran dalah damare, sapit-sapite lan tadhah-tadhahe langes, apadene sakehe wadhah lenga kang kanggo kaperluaning padamaran iku.

10. Padamaran sapirantine kabeh mau tumuli katumpangana ing lulang dhuyung, sarta kaselehna ing amben-ambenane kang kanggo ngusung.

11. Misbyahe mas dilurubana jarit wungu tuwa, dikrukubana lulang dhuyung, sarta dietrapana ing pikulaning misbyah iku.

12. Karomaneh padha njupuka sakehing piranti kang kanggo leladen pangibadah ing pasucen, padha kadekekna ing jarit wungu tuwa, kalarabana lulang dhuyung, banjur kaselehna ing amben-ambenan.

13. Awu ing misbyah karesikana, tumuli kalarabana jarit wungu nom,

14. ing sadhuwure katumpangna sakehe piranti kang kanggo ing gawe, yaiku: anglo, porok, sarta sorok, bokor panyiraman apadene sakehe pirantining misbyah, banjur dilarabana lulang dhuyung, sawuse iku kaetrapana ing pikulaning misbyah.

15. Sawuse Harun lan para anake rampung anggone nutupi barang-barang lan sakehe pirantine pasucen kabeh, samangsa arep budhalan, wong bani Kehat lagi kena lumebu prelu ngusungi barang-barang iku, nanging aja nganti nggepok samubarang kang suci iku, supaya aja nganti nemahi pati. Dadi iku barang-barang ing Tarub Pasewakan kang kudu diusung dening bani Kehat.

16. Anadene Eleazar anake Imam Harun, bubuhane ngreksa lengane padamaran, dupa wangen-wangen, kurban dhaharan ajegan sarta lenga jebad; uga kuwajiban ngreksa Tarub Suci lan saisine kabeh, yaiku barang-barang kang suci lan sapirantine kabeh.”

17. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa lan Rama Harun, dhawuhe:

maca bab lengkap Wilangan 4