Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 4:5-12 Kitab Sutji (JAV)

5. Samangsa budhal saka palereban, Harun lan para anake tumuli padha lumebua perlu ngudhunake payone, banjur kagawea nutupi pethi angger-angger,

6. ing dhuwure dilarabana lulang dhuyung, ing dhuwure maneh kajerengana jarit kang wungu tuwa, sarta banjur kaetrapana pikulaning pethi mau.

7. Ing sadhuwure meja sesaosan kataplakana jarit wungu tuwa, tumuli ditatanana panjang, piring apadene tuwung lan kendhining kurban pangecuran dalah rotine sesaosan iya kudu ajeg ana ing kono.

8. Iku banjur kalurubana jarit jingga, banjur ditutupana lulang dhuyung, sawuse mangkono kaetrapana pikulane.

9. Karomaneh padha njupuka jarit wungu tuwa kagawea nutupi padamaran dalah damare, sapit-sapite lan tadhah-tadhahe langes, apadene sakehe wadhah lenga kang kanggo kaperluaning padamaran iku.

10. Padamaran sapirantine kabeh mau tumuli katumpangana ing lulang dhuyung, sarta kaselehna ing amben-ambenane kang kanggo ngusung.

11. Misbyahe mas dilurubana jarit wungu tuwa, dikrukubana lulang dhuyung, sarta dietrapana ing pikulaning misbyah iku.

12. Karomaneh padha njupuka sakehing piranti kang kanggo leladen pangibadah ing pasucen, padha kadekekna ing jarit wungu tuwa, kalarabana lulang dhuyung, banjur kaselehna ing amben-ambenan.

maca bab lengkap Wilangan 4