Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 4:32-49 Kitab Sutji (JAV)

32. cagake plataran mubeng, ompake, pathok-pathoke lan tali-taline, dalah sapirantine; iku kabeh klebu kuwajibane. Dene piranti kang kudu diusung iku tuduhna peprincene.

33. Iku mau bubuhane gotrah-gotrahe para bani Merari, yaiku sakehe pagaweane ana ing Tarub Pasewakan, kang dadi pemimpine Itamar anake Imam Harun.”

34. Kaya mangkono Nabi Musa lan Rama Harun dalah para pemimpine umat Israel anggone padha nacahake para bani Kehat miturut gotrah-gotrahe ing kula-wangsane,

35. yaiku wong-wong kang umure telung puluh taun sapandhuwur tumeka umur seket taun, sakehe wong kang kudu ngayahi kuwajiban lumadi marang Tarub Pasewakan.

36. Gunggunge kang kacacahake iku miturut gotrahe ana rong ewu pitung atus seket.

37. Samono cacahe wong bani Kehat, kang padha ngladeni ana ing Tarub Pasewakan, kang padha dicatheti dening Nabi Musa lan Rama Harun, miturut dhawuhe Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa.

38. Para bani Gerson iku anggone kacacahake miturut gotrah-gotrahe ing kula-wangsane,

39. yaiku para wong kang umur telung puluh taun sapandhuwur tumeka umur seket taun, saben wong kang kudu ngayahi kuwajiban lumadi marang Tarub Pasewakan.

40. Dadi kang kacacahake miturut gotrahe lan kula-wangsane, gunggunge rong ewu nem atus telung puluh.

41. Samono iku gunggunge cacahe gotrah-gotrahe para bani Gerson, kang padha ngladeni ana ing Tarub Pasewakan, kang padha dicatheti dening Nabi Musa lan Rama Harun, miturut dhawuhe Sang Yehuwah.

42. Para bani Merari iku anggone kacacahake miturut gotrah-gotrahe lan kula-wangsane,

43. kang umur telung puluh taun sapandhuwur tumeka umur seket taun, saben wong kang kudu ngayahi kuwajiban lumadi marang Tarub Pasewakan,

44. dadi kang kacacahake miturut gotrahe, gunggunge telung ewu rong atus.

45. Samono cacahe gotrah-gotrahe para bani Merari, kang padha kacathetan dening Nabi Musa lan Rama Harun, miturut dhawuhe Sang Yehuwah lumantar Nabi Musa.

46. Sakehe wong Lewi kang kacacahake dening Nabi Musa lan Rama Harun kanthi para pemimpine Israel miturut gotrah-gotrahe lan kula-wangsane,

47. kang umur telung puluh taun tumeka umur seket taun, saben wong kang kudu ngayahi kuwajiban lumadi marang Tarub Pasewakan, sarta ngusung barang-barang;

48. dadi kang kacathetan, gunggunge wolung ewu limang atus wolung puluh.

49. Anggone nacahake iku marga saka dhawuhe Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa, sawiji-wijine padha diparingi tanggung-jawab tumrap apa kang kudu dilakoni lan kang diangkuti. Kaya mangkono anggone kacacahake, miturut dhawuhe Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa.

maca bab lengkap Wilangan 4