Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 4:29-39 Kitab Sutji (JAV)

29. Para wong Merari kacacahna miturut gotrahe lan kula-wangsane,

30. kang umur telung puluh taun sapandhuwur nganti tumeka umur seket taun, iku kaetunga, yaiku saben wong kang kudu ngayahi kuwajiban lumadi marang Tarub Pasewakan.

31. Kang dadi bubuhane kang magepokan karo sakehe pagaweane ana ing Tarub Pasewakan: ngusungi blabag-blabag Tarub Suci, palang-palange, cagak-cagake, ompake,

32. cagake plataran mubeng, ompake, pathok-pathoke lan tali-taline, dalah sapirantine; iku kabeh klebu kuwajibane. Dene piranti kang kudu diusung iku tuduhna peprincene.

33. Iku mau bubuhane gotrah-gotrahe para bani Merari, yaiku sakehe pagaweane ana ing Tarub Pasewakan, kang dadi pemimpine Itamar anake Imam Harun.”

34. Kaya mangkono Nabi Musa lan Rama Harun dalah para pemimpine umat Israel anggone padha nacahake para bani Kehat miturut gotrah-gotrahe ing kula-wangsane,

35. yaiku wong-wong kang umure telung puluh taun sapandhuwur tumeka umur seket taun, sakehe wong kang kudu ngayahi kuwajiban lumadi marang Tarub Pasewakan.

36. Gunggunge kang kacacahake iku miturut gotrahe ana rong ewu pitung atus seket.

37. Samono cacahe wong bani Kehat, kang padha ngladeni ana ing Tarub Pasewakan, kang padha dicatheti dening Nabi Musa lan Rama Harun, miturut dhawuhe Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa.

38. Para bani Gerson iku anggone kacacahake miturut gotrah-gotrahe ing kula-wangsane,

39. yaiku para wong kang umur telung puluh taun sapandhuwur tumeka umur seket taun, saben wong kang kudu ngayahi kuwajiban lumadi marang Tarub Pasewakan.

maca bab lengkap Wilangan 4