Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 4:25-30 Kitab Sutji (JAV)

25. Padha ngusunga tendha-tendhaning Tarub Suci lan Tarub Pasewakan, payone lan rangkepane lulang dhuyung kang ana ing dhuwure, sarta wrananing lawange Tarub Pasewakan,

26. geber-gebering plataran karo wrananing gapura plataran kang ana ing saubenge Tarub Suci apadene misbyah, tali-taline lan sarupane piranti kang kanggo ing gawe; wong-wong iku padha nindakna sakehing bubuhan kang magepokan karo iku mau kabeh.

27. Bubuhane para bani Gerson, anggone ngusungi barang-barang lan anggone ngladeni, kabeh iku katindakna miturut kang dadi prentahe Harun lan para anake; padha sira tuduhana apa kang dadi tanggung-jawabe tumrap sadhengah kang diusung iku.

28. Iku mau kang dadi bubuhane bani Gerson ana ing Tarub Pasewakan, sarta anggone padha nyambutgawe iku kapimpina dening Itamar anake Imam Harun.

29. Para wong Merari kacacahna miturut gotrahe lan kula-wangsane,

30. kang umur telung puluh taun sapandhuwur nganti tumeka umur seket taun, iku kaetunga, yaiku saben wong kang kudu ngayahi kuwajiban lumadi marang Tarub Pasewakan.

maca bab lengkap Wilangan 4