Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 4:15-27 Kitab Sutji (JAV)

15. Sawuse Harun lan para anake rampung anggone nutupi barang-barang lan sakehe pirantine pasucen kabeh, samangsa arep budhalan, wong bani Kehat lagi kena lumebu prelu ngusungi barang-barang iku, nanging aja nganti nggepok samubarang kang suci iku, supaya aja nganti nemahi pati. Dadi iku barang-barang ing Tarub Pasewakan kang kudu diusung dening bani Kehat.

16. Anadene Eleazar anake Imam Harun, bubuhane ngreksa lengane padamaran, dupa wangen-wangen, kurban dhaharan ajegan sarta lenga jebad; uga kuwajiban ngreksa Tarub Suci lan saisine kabeh, yaiku barang-barang kang suci lan sapirantine kabeh.”

17. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa lan Rama Harun, dhawuhe:

18. “Kula-wangsane lan gotrah-gotrahe para bani Kehat iku poma aja nganti cures saka ing satengahe wong Lewi.

19. Supaya padha lestari urip lan ora nganti nemahi pati samangsa maju nyedhaki barang-barang kang suci pinunjul, sira padha nindakna mangkene; kanggo wong-wong mau: Harun lan anak-anake padha lumebua lan mrenahna wong bani Kehat mau, cedhak karo barang-barang kang kudu diusung.

20. Nanging aja ana wong Kehat kang lumebu arep ndeleng barang-barang suci iku sanadyan munga sakedhap netra, supaya aja nganti nemahi pati.”

21. Sang Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

22. “Para bani Gerson iya uga kacacahna miturut kula-wangsane lan para gotrahe,

23. kang umur telung puluh taun sapandhuwur tumeka umur seket taun, kaetunga, iya saben wong kang kudu ngayahi kuwajiban lumadi marang Tarub Pasewakan.

24. Kang dadi bubuhane bani Gerson anggone leladi lan ngusung barang-barang iku mangkene:

25. Padha ngusunga tendha-tendhaning Tarub Suci lan Tarub Pasewakan, payone lan rangkepane lulang dhuyung kang ana ing dhuwure, sarta wrananing lawange Tarub Pasewakan,

26. geber-gebering plataran karo wrananing gapura plataran kang ana ing saubenge Tarub Suci apadene misbyah, tali-taline lan sarupane piranti kang kanggo ing gawe; wong-wong iku padha nindakna sakehing bubuhan kang magepokan karo iku mau kabeh.

27. Bubuhane para bani Gerson, anggone ngusungi barang-barang lan anggone ngladeni, kabeh iku katindakna miturut kang dadi prentahe Harun lan para anake; padha sira tuduhana apa kang dadi tanggung-jawabe tumrap sadhengah kang diusung iku.

maca bab lengkap Wilangan 4