Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 4:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa lan Rama Harun:

2. “Sira padha nacahna para bani Kehat lan sira dhewekna saka ing antarane para bani Lewi, miturut gotrah-gotrahe ing kula-wangsane.

3. Kacacahna kang umur telung puluh taun sapandhuwur nganti tumeka umur seket taun, sakehe wong kang kudu ngayahi kuwajiban lumadi marang Tarub Pasewakan.

4. Kang dadi bubuhane bani Kehat ana ing Tarub Pasewakan, yaiku: ngurus barang-barang kang suci pinunjul.

5. Samangsa budhal saka palereban, Harun lan para anake tumuli padha lumebua perlu ngudhunake payone, banjur kagawea nutupi pethi angger-angger,

6. ing dhuwure dilarabana lulang dhuyung, ing dhuwure maneh kajerengana jarit kang wungu tuwa, sarta banjur kaetrapana pikulaning pethi mau.

7. Ing sadhuwure meja sesaosan kataplakana jarit wungu tuwa, tumuli ditatanana panjang, piring apadene tuwung lan kendhining kurban pangecuran dalah rotine sesaosan iya kudu ajeg ana ing kono.

8. Iku banjur kalurubana jarit jingga, banjur ditutupana lulang dhuyung, sawuse mangkono kaetrapana pikulane.

9. Karomaneh padha njupuka jarit wungu tuwa kagawea nutupi padamaran dalah damare, sapit-sapite lan tadhah-tadhahe langes, apadene sakehe wadhah lenga kang kanggo kaperluaning padamaran iku.

10. Padamaran sapirantine kabeh mau tumuli katumpangana ing lulang dhuyung, sarta kaselehna ing amben-ambenane kang kanggo ngusung.

maca bab lengkap Wilangan 4