Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 35:24-34 Kitab Sutji (JAV)

24. parepataning umat ngadilana ing antarane kang gawe pati lan kang wenang males, miturut pranatan-pranatan iki;

25. sarta parepataning umat ngluwarana kang gawe pati iku saka ing tangane wong kang wenang males, lan dibalekna dening parepatan mau menyang ing kuthane pangungsen, kang wus diungseni; nuli tetepa manggon ana ing kono nganti sasedane Imam Agung kang wus kajebadan kalawan lenga suci.

26. Nanging saupama kelakon kang gawe pati mau metu saka watese kutha pangungsen kang wus diungseni iku,

27. mangka kapethuk karo kang wenang males ana ing sajabane watese kutha pangungsen, manawa kang gawe pati iku nuli dipateni dening kang wenang males, kang mateni iku ora utang getih;

28. amarga kang gawe pati iku wajib tetep manggon ana ing kuthane pangungsen nganti sasedane Imam Agung; nanging sasedane Imam Agung, kang gawe pati iku kena mulih menyang ing tanah darbeke dhewe.

29. Iku mau kabeh dadia wewatoning pranatan tumrap ing sira turun-tumurun, ana ing ngendi bae pamanggonira.

30. Sing sapa mateni wong, kang gawe pati iku dipatenana miturut katrangane para saksi, nanging manawa saksine mung siji, iku paseksene ora cukup tumrap prakara paukuman pati.

31. Tumrap wong kang gawe pati, lan kang kabener kaukum pati, iku sira aja nampani dhuwit panebusing nyawane, poma iku kapatenana.

32. Sarta maneh sira iya aja nampani panebus kanggo wong kang wus ngungsi menyang kutha pangungsen, pamrihe supaya kelilana mulih menyang tanahe dhewe sadurunge sedane Imam Agung.

33. Dadi sira aja gawe camahing tanah kang sira enggoni, awitdene getih iku kang gawe camahing nagara, sarta ora bisa dianakake pirukun kanggo nagara marga saka getih kang kawutahake ana ing wewengkone, kajaba mung srana getihe wong kang wus ngwutahake.

34. Kang iku sira aja nganti padha gawe najise tanah kang sira enggoni, iya kang Sundalemi ing tengahe; awitdene Ingsun, Yehuwah, dedalem ana ing satengahe wong Israel.”

maca bab lengkap Wilangan 35