Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 35:18-31 Kitab Sutji (JAV)

18. Sarta maneh saupama dipala klawan piranti kayu kang ana ing tangane, kang bisa njalari patine wong, mangka iya ndadekake lan patine, iku iya wong gawe pati; wong kang gawe pati iku kudu kaukum pati.

19. Waris pulih getih iku kudu mateni wong iku; samangsa ketemu karo wong kang gawe pati iku, dheweke kudu mateni wong iku.

20. Mangkono uga manawa wong mau anggone njotosi marga saka sengit, utawa anggone mbandhem iku klawan kajarag, nganti ndadekake patine,

21. utawa maneh manawa wong mau anggone ngepruk iku marga saka gething nganti ndadekake patine, wong kang mateni mau kudu dipateni; iku wong kang gawe pati; waris pulih getih iku kudu mateni wong kang gawe pati iku samangsa kapethuk.

22. Nanging manawa anggone njotos mau dumadakan ora kalawan rasa memungsuhan, utawa anggone mbandhemake salah sawijining barang ora kanthi kajarag,

23. utawa tanpa dipikir ngeprukake watu kang bisa ndadekake patining wong, temah ndadekake patine, mangka pancen ora duwe rasa gething, utawa ngarah tiwase;

24. parepataning umat ngadilana ing antarane kang gawe pati lan kang wenang males, miturut pranatan-pranatan iki;

25. sarta parepataning umat ngluwarana kang gawe pati iku saka ing tangane wong kang wenang males, lan dibalekna dening parepatan mau menyang ing kuthane pangungsen, kang wus diungseni; nuli tetepa manggon ana ing kono nganti sasedane Imam Agung kang wus kajebadan kalawan lenga suci.

26. Nanging saupama kelakon kang gawe pati mau metu saka watese kutha pangungsen kang wus diungseni iku,

27. mangka kapethuk karo kang wenang males ana ing sajabane watese kutha pangungsen, manawa kang gawe pati iku nuli dipateni dening kang wenang males, kang mateni iku ora utang getih;

28. amarga kang gawe pati iku wajib tetep manggon ana ing kuthane pangungsen nganti sasedane Imam Agung; nanging sasedane Imam Agung, kang gawe pati iku kena mulih menyang ing tanah darbeke dhewe.

29. Iku mau kabeh dadia wewatoning pranatan tumrap ing sira turun-tumurun, ana ing ngendi bae pamanggonira.

30. Sing sapa mateni wong, kang gawe pati iku dipatenana miturut katrangane para saksi, nanging manawa saksine mung siji, iku paseksene ora cukup tumrap prakara paukuman pati.

31. Tumrap wong kang gawe pati, lan kang kabener kaukum pati, iku sira aja nampani dhuwit panebusing nyawane, poma iku kapatenana.

maca bab lengkap Wilangan 35