Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 35:10-18 Kitab Sutji (JAV)

10. “Sira kandhaa marang wong Israel sarta sira tutura: Besuk samangsa sira wus padha nyabrang ing bengawan Yarden menyang ing tanah Kanaan,

11. nuli sira padha miliha kutha-kutha pangungsen kanggo marang sira, supaya kena diungseni dening wong kang gawe pati, mangka anggone njalari patining wong mau ora kanthi kajarag.

12. Kutha-kutha iku padha dadia pangungsenira kanggo ngoncati wong kang duwe wewenang males, supaya wong kang gawe pati iku aja nganti dipateni sadurunge kaajokake marang ing parepataning umat supaya diadili.

13. Dene kutha kang padha kawenehake kanggo kutha pangungsenira iku cacahe nem.

14. Kutha kang telu dumununga ing sabrange bengawan Yarden kene, dene kang telu sira temtokna ana ing tanah Kanaan; iku kabeh padha dadia kutha pangungsen.

15. Kutha nem iku padha dadia pangungsen tumrap wong Israel lan kanggo wong bangsa liya sarta wong kang neneka ana ing tengahira, supaya saben wong kang mateni tanpa kajarag bisa ngungsi mrono.

16. Nanging manawa wong mau anggone mateni nganggo barang wesi, nganti dadi lan patine, wong iku gawe pati; lan wong kang gawe pati iku kudu kaukum pati.

17. Utawa saupama anggone mateni iku nganggo watu kang ana ing tangane, kang bisa njalari patine wong, mangka iya ndadekake lan patine, iku iya wong gawe pati; wong kang gawe pati iku kudu kaukum pati.

18. Sarta maneh saupama dipala klawan piranti kayu kang ana ing tangane, kang bisa njalari patine wong, mangka iya ndadekake lan patine, iku iya wong gawe pati; wong kang gawe pati iku kudu kaukum pati.

maca bab lengkap Wilangan 35